PAGELARAN SENI BUDAYA JAWA
MINGGU, 2 DESEMBER 2018
*PUNAKAWAN*Tema: PELAKOR
A. GARENG & PETRUK GOGOJEGAN, KEMUDIAN DATANG BAGONG DENGAN MUKA KUSUT & SEDIH
GARENG :"Truk..truk.. waspadakno adimu si Bagong kae lha kok rupane koyo koran diremet-remet kae kenopo??"
PETRUK :”Eeee..lha kok iyo to...wong wis tuwek we lha kok isih ambeg-ambekan barang ki gek ngopo, koyo bocah ABG laginjatuh cinta ra ditimo?"
GAREN :"Wiss... ojo kesuwen Truk, engko ndak malah aneh-aneh , trus gantung diri ngono kan sing repot awake dewe Truk"
PETRUK :"Ho'o yo kang, wis tak introgasine...
"Gong.. Gong.. langit wengi iki padang merga gumebyare lintang lan sumunare rembulan, nanging kenapa tak sawang kok pikiranmu mendung peteng ndedet lelimengan. ana apa ta gong..? ".
BAGONG :"Atiku remuk kesandung atosing lelakon truk.. ".
PETRUK :"Lha piye to nalare.. ? Mbok kene crita, bokmenawa aku bisa biantu golek dalan kanggo ngudhari ruweting pikirmu... ".
BAGONG :"Abot truk..abot... aku ditinggal lungo mboke bocah-bocah wis sesasi iki... merga jare aku ora bisa nyukupi.. pamite lunga menyang kutha golek butuh kanggo nyukupi keluarga nanging nyatane ana kutha lakune menggok dalan banjur atine kecanthol lanangan liya.. mumet ndasku truk, kaya didicokoti semut sewu cacahe..,teng clekit cilik2 tapi akeh.. hiyung2..."
PETRUK :"Hahahaa.. kuwi ta sing bok gagas..?! Oallllaaahh Gong, gong...saking kowe kok gong.. ora nurut pituture Romo Semar.. Rom Semar wis tau ngendikan, menehi pitutur ngene : " Gareng, Petruk, Bagong.. yen kowe bakal omah-omah goleko wanita sing tresnane kuwi seka tulusing ati, tresno opo anane, dudu ono apane. Aja golek wanita sing tresnane mung merga ayune rupa utawa sugihe bandha.. ". Iya ta..? Malah nalika kuwi ngendikane rama semar bok eyeli..
Kowe sombongmu poollll, ngomonge pacarku ki foto kopine Via Valen...
Kelingan ora kowe..? Bareng saiki lagi krasa ta .. pancen apa-apa kuwi yen durung pernah ngalami keli sakdurunge kecemplung kali, ing bab apa wae dieyeli, kaya kowe kuwi..! ".
BAGONG :"Wehh.. kowe kuwi malah madoni bukane menehi solusi.. Kowe ki gek sedulur cap apa to Truk..! ".
PETRUK :"Hehee.. Cekak nemen penampamu lee.. aku iki ngelingke ya gong ora madoni..! Saiki ngene solusine.. sanguo ati tabah jejegno lakumu..! adile lelakon dilakoni.. yen bisa bojomu didandani yen ora bisa didandani.. ya cari lagi ngono wae.. sing penting niatmu becik lakumu bener.. diantepi mbuh piye dadine..".
BAGONG :"Hmm.. lha engko yen sido pedot ucul tenan piye truk..? Aku jik tresno tenan.. "
PETRUK :"Urip kui ora mung cukup mangan tresno gong, ning wong mbangun bebrayan kui nduweo niat kang suci pinongko fondasine manembah mring Pangeran.."
Wis ngene wae...ayo Romo Semar diaturi tindak rene wae, jaluki iguh pertikele kepiye...
B. SEMAR DATANG KEMUDIAN MENASIHATI BAGONG, GARENG DAN PETRUK
SEMAR :"Mbegegeg ugeg-ugeg sadhulito hemel-hemel..."
"Anak-anakku kabeh..Gareng, Petruk lan Bagong nek tak sawang soko kadohan kowe mau kok sajak regejegan kui ono opo to le...?"
GARENG :"Ngene lho Mo.., putramu sing Bagus dewe si Bagong, saiki rak lagi sungkowo penggalihe...mergo ditinggal bojone.."
PETRUK :"Bener opo ature kang Gareng mau Mo, Bojone si Bagong ki rak critane banting stir...saiki dadi *'PELAKOR'*..rak yo ngono to Gong..?
BAGONG :"Weehhh Truk...lha kok landhep men pengucapmu truk, kok nganggo istilah Pelakor barang..., opo niyatmu ki arep ngrusak Paseduluran ngono po...??
SEMAR :"Weess...wess..ora usah diterusake. Nek wis ngerti ono sedulure sing susah ki ojo malah dipanas-panasi, nek isoh ayo dho diewangi golek solusine..
GARENG :"Wesss...nek masalah ngene ki nek gur trimo aku ro Petruk ra bakalan isoh Mo,..
Mbok wes..panjenengan wae gek ndak paring pitutur..."
SEMAR :"Ngene leee..anakku kabeh wong bebojoan kuwi ora mung sekedar dinggo nglampiaske hawa nepsu, nanging luwih soko iku, yoiku kanggo njejegke pangibadahan mring Gusti Kang Akaryo Loka. Mulo sakdurunge bebojoan ki kudu nggatekake 3 perkoro:
1. Bobot, kualitas calon pasangan kita,...dst
2. Bibit, asal-usul keturunane....dst
3. Bebet, pertimbangan sifat dan karakter..dst
Wess.. wisss... mengko ojo kesuwen, wongbkabeh mau wis kebacut, saiki Bagong yo kudu ndang digoleki bojone trus diomongi apik-apik lan didandani, mbok menowo sing dilakoni bojone Bagong ki gur pacobane Bagong ing urip bebrayan iki. Saiki disigeg sakwetoro yo le... kae kok soko kadohan Bendaramu Bimoseno koyo tindak mrene.. ono opo ayo podho disambut kanti apik...
penulis : BPH-Surono
Terimakasih Sudah Meluangkan Waktu Sejenak Untuk Berkunjung ke SINAR BANTEN , Semoga Bisa Bermanfaat Untuk Umat Semua Dimanapun Berada .
www.hindubanten.com ConversionConversion EmoticonEmoticon